Cari Lirik lagu di Blog Ini

DADI ATI


Bawa:
Gegarane wong akrami
Dudu bandha dudu rupa
Amung ati pawitane
Luput pisan kena pisan
Yen gampang luwih gampang
Yen angel angel kalangkung
Tan kena tinumbas arta

Lagu:
Goleki sing kaya ngapa
Wong nyatane kelakon seprene
Bola-bali gendra wekasane malah mbangun tresna

Dudu bandha dudu rupa
Mung atine dadi tetaline
Guyub rukun kadya pepindhane mimi lan mintuna

Wus jamak lumrahe yen wong urip coba lan godhane gedhe
Suprandene ora nganti ndadak dadi gawe..

Rina wengi dadi ati
Wong prasaja luhur bebudene
Dhasar thik gemati momong putra alus bebudene