Cari Lirik lagu di Blog Ini

GARISE URIP



Lk :
Opo garise urip kudu pisahan
Tresnaku lan tresnamu ra keturutan
Nyandhing temahing bojo ra kelaksanan
Opo garise urip kudu pisahan
Pr :
Ojo cilik atimu aku ngugemi
Sumpah prasetyo iki tulus lan suci
Senadyan aku pisah ra bakal lali
Ojo cilik atimu aku ngugemi

Lk :
Lungaku mung golek pakaryan
Kanggo sangu bebrayan
Ing ati iki sayang
Ora ninggal katresnan
Pr :
Dongaku ugo angandani
Gusti paring rejeki
Isine ati iki
Kangen enggalo bali

Lk :
Nadyan aku ing monco
Ra megat tresno
Tresnaku mung sliramu
Ra bakal liyo
Pr :
Bebarengan nggondeli sumpah prasetyo
Mugo dadiyo jodho ing saklamio

reff :
kembali ke atas..opo garise urip…
Duet :
Mugo dadiyo jodho ing saklamio